Gudang Lagu
(by: e-ketawa)

Muntiyadi pethuk ambek Gempil koncone sing dines ndhik angkatan darat.
Tibake Gempil iku saiki sikile sing kiwo yo dingklang pisan, ambek tangane
sing tengen tibake yo tughel digenti cathoke bakul beras.
Sing luwih nemen maneh, motone gempil kari sing kiwo. Moto sing tengen
wis cumplung ditutupi kain ireng malih koyok bajak laut.

"Lho Mun, sikilmu opoko ? " takok Gempil.
Mari ngono Muntiyadi cerito pengalamane kijolan sikile wong wedhok.

"Lha awakmu opoko kok mreteli pisan ?" Muntiyadi genti takok nang Gempil .

"Pas aku patroli nang Aceh, sikilku ngincak granat, langsung puthul. Pas
iku onoke sikile sapi, berhubung aku gak gelem, akhire yo ngene sikilku
dhadhi mek sithok".

"Waduh cik apese nasipmu, lha tanganmu opoko kok digenti cathoke beras ?"
takok Muntiyadi maneh.

"Mari sikilku tughel iku mau, aku dirawat ndhik barak. Moro-moro barakku
dibom ambek mungsuh, kenek tanganku, langsung tughel.
Pas iku onoke cathoke beras, timbangane gak onok blas, akhire aku gelem. "
jarene Gempil maneh.

"Wah kayal thok kon iku, lha motomu opoko kok cumplung pisan ? Kelilipen
granat tah ?" takok Muntiyadi maneh.

"Oo iku seje ceritone. Enak-enak cangkruk nyeritakno pengalamanku iku
mau, moro-moro onok manuk nembeleki mripatku ". jare Gempil.

"Wah kon iku tambah ngawur thok ae, lha mosok ditembeleki manuk isok
motone cumplung". Muntiyadi mulai gak percoyo.

"Lho iku dhudhuk mergo tembelek manuk" jare Gempil.

"Lho opoko ?" takok Muntiyadi.

"Iku pas dino pertama aku nggawe cathok beras".





Article Directory: http://www.sumbercerita.com


Cerita-cerita Lainnya dari Kategori - HOME --> Cerita Humor --> Humor Suroboyoan
TitleAuthorViews
Terjemahan Lagu Boso Jowo e-ketawa 2,870
Untung Ora Nganggo Kathok 631002 2,101
Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi Nugrah Rizkanda 2,028
Kewan Opo Karimi 2,012
Jawa Jepang wonokairun 1,931
Sales Promotion Girl e-ketawa 1,869
Asal Muasale Wong Jowo Ngarani Pohong (Singkong) Cak Cuk 1,841
Takon Umur e-ketawa 1,711
Air Susu Ibu e-ketawa 1,555
Cirine Wong Seko Entute wonokairun 1,522
Cukimai wonokairun 1,401
Obat Ngentutan e-ketawa 1,356
Salah Tompo wonokairun 1,349
Tarsan wonokairun 1,348
Sayembara Juragan Tambak e-ketawa 1,347

 

atom feed entries rss feed entries Valid XHTML 1.0 Transitional
Copyright © 2008 sumbercerita.com - Kumpulan Cerita Terpopuler
Dengan beraktivitas di website kami berarti anda setuju dengan Kebijaksanaan Privasi serta Syarat Persetujuan
eXTReMe Tracker