|
|
Pak Tarto dokter gigi kondang soko desa Tjutuk Manuk Randublatung wis
kaloko dadi dokter gigi sing mumpuni. Loro untu opo wae pasti cespleng,
untu krowok, untu pecah, untu gapuk, untu berlubang pasti mari. Isuk
kuwi ketamon pak Kuntjung sing rambute koyo Ronaldo pemain bal soko
Brasil sing juara bal-2-an sak donyo. "Kulo nuwun pak dokter untu ..... eeehh dokter gigi." "Monggo pak Kuntjung ... kulo aturi lenggah rumiyin" Sak wise sak untoro wektu pak dokter metu karo nggowo uborampe. "Sakit menopo pak ?" Takonne dokter Tarto "Niki lho pak dokter ... untu kulo niki sedut senut penjenengan tingali rumiyin." Sakwise diprikso doktere ngomong "Lah niki kedah dicabut pak" "Pinten pak ongkose ?" Takon pak Kuntjung nggenahke "Anu pak ... niki kenging arto go jing." "Go jing niku pinten ?" "Go jing ... niku gangsal ewu pak." " Ngaten pak .... uwun sewu ... kulo gadah arto namung kalih ewu;
ingkang tigang ewu kulo sukani kalih mendo (wedus) kulo, dene mendo
kulo reginipun satus seket ewu, mbenjing wulan ngajeng wedus kulo
ingkang meteng meniko medal cempe nipun, pramilo kulo aturi ngetung
rumiyin menggah saenipun dados pak dokter gadah utang dateng kulo satus
patang puluh pitu ewu." "Ngaten pak Kuntjung .... saenipun untu ingkang ngandap kulo cabut
gangsal, dene ingkang nginggil kulo cabut sedoyo, dene sisanipun bade
kulo cabut ngenjing, dados impas bapak mboten utang kulo mboten utang" Pak Kuntjung nesu, rai bang ma-wingo-2 kuping megar, cangkem ngiler "Lhadalah pak dokter kurang ajar, mosok kulo ompong ngaten mendingan ora duwe wedus, katimbang mung iso ngemut thok."
| Title | Author | Views |
| Terjemahan Lagu Boso Jowo |
e-ketawa |
2,872 |
| Untung Ora Nganggo Kathok |
631002 |
2,103 |
| Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi |
Nugrah Rizkanda |
2,031 |
| Kewan Opo |
Karimi |
2,013 |
| Jawa Jepang |
wonokairun |
1,932 |
| Sales Promotion Girl |
e-ketawa |
1,870 |
| Asal Muasale Wong Jowo Ngarani Pohong (Singkong) |
Cak Cuk |
1,841 |
| Takon Umur |
e-ketawa |
1,714 |
| Air Susu Ibu |
e-ketawa |
1,556 |
| Cirine Wong Seko Entute |
wonokairun |
1,524 |
| Cukimai |
wonokairun |
1,403 |
| Obat Ngentutan |
e-ketawa |
1,358 |
| Sayembara Juragan Tambak |
e-ketawa |
1,350 |
| Salah Tompo |
wonokairun |
1,350 |
| Tarsan |
wonokairun |
1,350 |
|
|
|
|
|
|
|