Gudang Lagu
(by: e-ketawa)

Romlah njaluk ditukokno kepiting gawe buko.
"Yo wis tak tukokno nang rolak" jare Muntiyadi.
"Lho gak numpak bronpit tah ?" takok Romlah.
"Gak wis, cik gak amis. Tak nyegat bemo ae" jare Muntiyadi.

Mari ngono Muntiyadi budhal nyegat bemo.
Dhadhak ndhik bemo Muntiyadi pethuk ambek bekas pacare biyen, jenenge Sablah.
"Lho cak Mun, kate nang endhi peno cak ?" takok Sablah.
"Kate nglencer golek angin . ." jare Muntiyadi.
"Sakjane aku kate kulak kain, tapi wurung ae wis, tak melok peno ae" jare Sablah ngalem.

Mari ngono arek loro iku ngelencer nang musium Kapal Selam
Ndhik kono lak isis tah, dhadhi gak keroso moro-moro wis sore.
"Waduh blaen iki, aku kudhu mulih, wis yo ." jare Muntiyadi.
Mari pamitan, Muntiyadi mampir nang rolak tuku kepiting diadhai kresek.

Mergo gopoh kabeh, pas katene mlebu pekarangan dhadhak kreseke jebol, kepitinge buyar kabeh.
Ambek nggurak kepitinge, Muntiyadi bengok-bengok "Ayo cepetan sithik . .wis meh tekan iki "

Krungu bojone bengok-bengok, Romlah ambek muring-muring.
"Cak . .cak, cik guobloke se sampeyan iku. Lha mosok kepiting digiring padhakno bebek ae. Mulakno kok sui. . ."





Article Directory: http://www.sumbercerita.com


Cerita-cerita Lainnya dari Kategori - HOME --> Cerita Humor --> Humor Suroboyoan
TitleAuthorViews
Terjemahan Lagu Boso Jowo e-ketawa 2,872
Untung Ora Nganggo Kathok 631002 2,103
Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi Nugrah Rizkanda 2,031
Kewan Opo Karimi 2,013
Jawa Jepang wonokairun 1,933
Sales Promotion Girl e-ketawa 1,871
Asal Muasale Wong Jowo Ngarani Pohong (Singkong) Cak Cuk 1,841
Takon Umur e-ketawa 1,714
Air Susu Ibu e-ketawa 1,557
Cirine Wong Seko Entute wonokairun 1,524
Cukimai wonokairun 1,403
Obat Ngentutan e-ketawa 1,359
Sayembara Juragan Tambak e-ketawa 1,350
Salah Tompo wonokairun 1,350
Tarsan wonokairun 1,350

 

atom feed entries rss feed entries Valid XHTML 1.0 Transitional
Copyright © 2008 sumbercerita.com - Kumpulan Cerita Terpopuler
Dengan beraktivitas di website kami berarti anda setuju dengan Kebijaksanaan Privasi serta Syarat Persetujuan
eXTReMe Tracker