|
|
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara. "Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor." jare Sablah. Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane. Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh. Akhire ambek Sabalah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak. Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo. Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh. Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak. "Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak. "Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem. "Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah. "Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Muntiyadi.
| Title | Author | Views |
| Terjemahan Lagu Boso Jowo |
e-ketawa |
2,872 |
| Untung Ora Nganggo Kathok |
631002 |
2,104 |
| Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi |
Nugrah Rizkanda |
2,031 |
| Kewan Opo |
Karimi |
2,013 |
| Jawa Jepang |
wonokairun |
1,933 |
| Sales Promotion Girl |
e-ketawa |
1,872 |
| Asal Muasale Wong Jowo Ngarani Pohong (Singkong) |
Cak Cuk |
1,841 |
| Takon Umur |
e-ketawa |
1,714 |
| Air Susu Ibu |
e-ketawa |
1,557 |
| Cirine Wong Seko Entute |
wonokairun |
1,526 |
| Cukimai |
wonokairun |
1,403 |
| Obat Ngentutan |
e-ketawa |
1,359 |
| Salah Tompo |
wonokairun |
1,350 |
| Tarsan |
wonokairun |
1,350 |
| Dokter Gigi |
wonokairun |
1,274 |
|
|
|
|
|
|
|